Selasa, 03 Februari 2015

Naskah Pidato Bahasa Jawa Tentang Pramuka

Naskah Pidato Bahasa Jawa Tentang Pramuka 


Assalamualaikum Wr.Wb

            Ingkang kula hormati bapak/ibu Pembina, ingkang kula hormati kanca-kanca anggota pramuka SMK . Langkung rumiyin sumangga kita dherekaken ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat saha barokah dumateng kula panjenengan sedaya.

            Kepareng kula marak sowan ngadek wonten sakngajengipun bapak/ibu sarta kanca-kanca pramuka SMK. Awit kula ndherek ngregengaken lomba sesorah ingkang dipun wontenaken saking panitia kegiatan pramuka.Sakderengipun kula matur kathah, nyuwun agunging samodra pangaksami ing mbok bilih anggen kawula matur ing sakmangke kathah atur saha lampah kawula ingkang mboten pinuju prana dhateng sanggia para lenggah sedaya.
            Saklajengipun kula kepareng nelakaken raos mongkok saha gumbiraning manah awit wonten ing tahun menika kita sedaya saget kalampah ngawontenaken kegiatan kemah pramuka wonten ing papan menika. Kita minangka peserta kegiatan rumaos kaparingan ngilmu saha kesagetan saking para Pembina ingkang tentu migunani sanget menggahipun pribadi lan umumipun dhateng sedaya anggota pramuka.Langkung-langkung manfaat ing sak wancinipun kita sadaya geang wonten ing masyarakat , sebab wonten ing kegiatan pramuka menika dipun ajaraken gesang secara individu lan ugi kelompok social.
            Sebab sakmenika wonten ing tengah-tengahipun masyarakat kaperdulen kangge makarya secara gotong royong sampun wiwit luntur ingkang dipun tengenaken kepentingan individu/pribadi nyingkur dhateng kerukunan guyup rukun.

            Kegiatan pramuka menika salah satunggalipun kegiatan kangge gesangaken raos keperdulen,kekeluargaan,guyup rukun , lan gotong royong . Mugi-mugi kegiatan pramuka menika nggih saking purwa madya saha wasana saget kita migunani dhateng kita panjenengan sedaya.
            Akhiripun kita ucapaken”Selamat melaksanakan kegiatan,semoga sukses”. Mekaten atur sklimah kula ndherek  ngramekaken lomba sesorah ing wekdal punika.Mawantu wantu tansah nyuwun bimbingan bapak ibu Pembina pramuka saha kritikan ingkang membangun dhateng kawula pribadi saha kanca-kanca anggota pramuka.

            Kula ngakeni atur kula ingkang sungsang sarik tebih saking tata basal an tingkah laku ingkang tebih saking tata krama mila tadhah deduka ingkang kathah lan nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Naskah Pidato Bahasa Jawa Tentang Pramuka

0 komentar:

Posting Komentar